MI Hidayatus Syar'iyah Wolo MI Hidayatus Syar'iyah Wolo Author
Title: Tembang Dolanan Cublak-Cublak Suweng
Author: MI Hidayatus Syar'iyah Wolo
Rating 5 of 5 Des:
Cublak-cublak suweng iku sawijining tembang dolanan, ya iku jinis tembang kang prasaja, biyasa ditembangake dening bocah-bocah cilik, mligi...
Cublak-cublak suweng iku sawijining tembang dolanan, ya iku jinis tembang kang prasaja, biyasa ditembangake dening bocah-bocah cilik, mligi ing padesan, sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancane. Lumantar lagu dolanan, bocah-bocah kawanuhake bab sato kewan, sato iwen, thethukulan, tetuwuhan, bebrayan, lingkungan alam, lan sapanunggalane.

Dolanan iki diarani cublak-cublak suweng amarga nalika dolanan kang dicublek-cublek iku suweng. Dolanan iki biyasa dianakake wanci sore utawa wengi nalika padhang bulan, ing emperan kang jembar. Dolanan cublak-cublak suweng iki ora ngerti saka endi sangkane, nanging dolanan iki misuwur banget ing provinsi Jawa Tengah.



Lirik Tembang Dolanan
Cublak-Cublak Suweng

Cublak cublak suweng
Suwenge ting gelenter
Mambu ketundhung gudel
Pak empong lera-lere
Sapa ngguyu ndelikkake
Sir sir pong dhele kopong
Sir sir pong dhele kopong

Mekaten menggah postingan Tembang Dolanan Cublak-Cublak Suweng, matur sembah nuwun kerso mampir, mugi-mugi wonten manfaatipun. _Eyu.

Advertisement

Posting Komentar

 
Top